FAIQ Collection

Software/Application, Jokes, Article, Picture, Movies/Videos, Lyric Song, Mystery, etc

Welcome and Thank you for Visiting
We are Not the Best ... But Thanks for Your Support, We Can Learn to Become a Better

BEGAL BERLIAN

ALI ALI BERLIAN.........

Mbah Sarkim 54th, ngeterno Saropah bojone budhal blonjo nang Pasar.

Sakmarine ngedrop Saropah bojone nang ngarep pasar, mbah Sarkim balik mulih nang omah.

Mari blonjo nang pasar Saropah mulih dewe mlaku ngiras olahraga.

Pas mlaku nang dalanan sing sepi, Saropah dicegat begal sing jumlahe wong loro, jenenge Bogang karo Pengkor.

Bogang :
“Kor (pengkor) onok ibu-ibu nggawe ali ali berlian Kor !!, sikat ae Kor !, lumayan timbang gak oleh opo opo !”.

Pengkor :
“Iyo Broo, lumayan ayok disikat ae !!”.

Bogang karo Pengkor mepet marani Saropah, njaluk ali ali berlian sing digawe.

Saropah nyopot ali ali berliane terus diuncalno nang njero got peceren ndik sebelahe.

Mergo saking kepingine oleh ali ali berlian iku mau, Bogang karo pengkor reflek nututi mencolot nang got berusaha nggolek'i.

Gak kesuwen, Saropah langsung nyengklak sepeda montor Satria FU ne Bogang karo Pengkor sing jik sibuk obok obok peceren, nggoleki ali ali berlian palsu sing ditukokno mbah Sarkim wingi.

Bogang ambek Pengkor ndomblong tok ndelok Satria FU ne amblas ganti dibegal Saropah.

@×÷#=$%€&£¥₩

Jangan Ditiru, Sadis Banget

iki critane Cilik.ane MUKIDI
😂😂😂😂

Bapak : "Le.. Tulung... Bapak tukokno minuman sing anyes ning warung yo.."
Anak : "coca-cola opo seprit,pak?"
Bapak : "Coca-cola wae.."
Anak : "Sing kalengan opo botolan ?"...
Bapak : "Botolan.."
Anak : "Sing botol gede opo sing cilik?"
Bapak : "Ooo... Pancen njaluk di sawat asbak arek iki !!! Wis tukokno banyu wae!!"
Anak : "Aqua opo banyu biasa ?"
Bapak : "AQUA, mblung..gemblung!!!!"
Anak : "Panas opo sing anyep?"
Bapak :"SAPU NDI SAPU !! TAK GEPUK'E NDASE AREK IKI ??!!"
Anak : "Sapu biting opo sapu duk??"
Bapak : "Oalaah Kewan tenan kowe pancen'e!" (Karo dbalang sandal)
Anak : "Wedus opo Kebo?"
Bapak : "WEDUUSSS, Goblookk!!!"
Anak : "Wedus Cempe opo Bandot??"
Bapak : "Setan kowe!!!!"
Anak : "pocongk opo Gendruwo?"
Bapak : "Mbuh lah..., kono minggat wae lah!!"
Anak : "Saiki opo sesuk?"
Bapak : "Saiki, doboL!!"
Anak : "Bapak melu opo ora??"
Bapak : "Asli... suwe2 Tak pateni temenan arek iki !!"
Anak : "Ditusuk nganggo peso opo ditembak nganggo bedil??"
Bapak : "Tak tembak !!!"
Anak : "Ndase opo wetenge??"
*Bapak'e skarat kejet2 langsung strooke stadium pitulas...
😆😆😆😆😂

Nanggung Isin (Malu)

DASAR MEDIT - 3

Mbah Sarkim 54th, akhire nuruti penjalukane Saropah bojone sing super bawel super cerewet, sing njaluk ditukokno perhiasan karo setengah mekso.

Mergo wis gak tahan karo omelan omelan sing mbribegi kuping koyok tawon endhas, mbah Sarkim sido budhal nukokno ali ali mata berlian sing ketok'e uapik.

Saropah bojone girang poll mergo sido ditukokno ali ali berlian ngono iku, Tapi sak durunge ngekekno ali ali iku, mbah Sarkim pesen :
"Iki tak tukokno ali ali berlian, tapi kon kudhu janji yoo,...... kon gak oleh pamer pamer nang konco koncomu utowo sopo ae karo alasan opo ae !!".

Saropah :
"Iyo mbah !,...aku gak katene pamer nang uwong uwong !".

Mbah Sarkim :
"Bener lho yo,......
Kon nek  ngelanggar janjimu, kon tak dongako bakal getun karo kisinan dewe !.......".

Saropah :
"Yo mbah,.......
Nek aku ngelanggar janji, aku siap nanggung akibate !".

,,,,,,,,,,,,,,,,,,,,,,,,,,,,,,,,,,,
Sisuk'e, moro moro
Saropah muring muring  nesu poll nang mbah Sarkim.
Saropah :
"Dasar,... Sarkim !!!,
Peliiiiiiiiiiiiiit !!!!,......
Terlaluuuuu !!!!,......

Mbah Sarkim : "Onok opo Buk ?!".

Saropah :
"Mbah, mbah !, raiku iki tak deleh endhi nggene iki !?,......
mau pas Arisan ibu ibu komunitas sosialita, aku diguyu konco koncoku mergo nggawe ali ali berlian abal abal !, imitasi !, palsu !, Aku lak yo isin ngene ikiiiiiii…...!!".

Mbah Sarkim karo enteng njawab : "Kon lak wis janji dewe, nek arep gak katene pamer pamer nang koncomu ?!,
dadi yo wis iku akibate, tanggungen  !!".

Saropah :
"WEDUS……!!!!".

@×#÷=$%€&£¥₩