Software/Application, Jokes, Article, Picture, Movies/Videos, Lyric Song, Mystery, etc

Welcome and Thank you for Visiting
We are Not the Best ... But Thanks for Your Support, We Can Learn to Become a Better

Nanggung Isin (Malu)

DASAR MEDIT - 3

Mbah Sarkim 54th, akhire nuruti penjalukane Saropah bojone sing super bawel super cerewet, sing njaluk ditukokno perhiasan karo setengah mekso.

Mergo wis gak tahan karo omelan omelan sing mbribegi kuping koyok tawon endhas, mbah Sarkim sido budhal nukokno ali ali mata berlian sing ketok'e uapik.

Saropah bojone girang poll mergo sido ditukokno ali ali berlian ngono iku, Tapi sak durunge ngekekno ali ali iku, mbah Sarkim pesen :
"Iki tak tukokno ali ali berlian, tapi kon kudhu janji yoo,...... kon gak oleh pamer pamer nang konco koncomu utowo sopo ae karo alasan opo ae !!".

Saropah :
"Iyo mbah !,...aku gak katene pamer nang uwong uwong !".

Mbah Sarkim :
"Bener lho yo,......
Kon nek  ngelanggar janjimu, kon tak dongako bakal getun karo kisinan dewe !.......".

Saropah :
"Yo mbah,.......
Nek aku ngelanggar janji, aku siap nanggung akibate !".

,,,,,,,,,,,,,,,,,,,,,,,,,,,,,,,,,,,
Sisuk'e, moro moro
Saropah muring muring  nesu poll nang mbah Sarkim.
Saropah :
"Dasar,... Sarkim !!!,
Peliiiiiiiiiiiiiit !!!!,......
Terlaluuuuu !!!!,......

Mbah Sarkim : "Onok opo Buk ?!".

Saropah :
"Mbah, mbah !, raiku iki tak deleh endhi nggene iki !?,......
mau pas Arisan ibu ibu komunitas sosialita, aku diguyu konco koncoku mergo nggawe ali ali berlian abal abal !, imitasi !, palsu !, Aku lak yo isin ngene ikiiiiiii…...!!".

Mbah Sarkim karo enteng njawab : "Kon lak wis janji dewe, nek arep gak katene pamer pamer nang koncomu ?!,
dadi yo wis iku akibate, tanggungen  !!".

Saropah :
"WEDUS……!!!!".

@×#÷=$%€&£¥₩

No comments:

Post a Comment