Software/Application, Jokes, Article, Picture, Movies/Videos, Lyric Song, Mystery, etc

Welcome and Thank you for Visiting
We are Not the Best ... But Thanks for Your Support, We Can Learn to Become a Better

BEGAL BERLIAN

ALI ALI BERLIAN.........

Mbah Sarkim 54th, ngeterno Saropah bojone budhal blonjo nang Pasar.

Sakmarine ngedrop Saropah bojone nang ngarep pasar, mbah Sarkim balik mulih nang omah.

Mari blonjo nang pasar Saropah mulih dewe mlaku ngiras olahraga.

Pas mlaku nang dalanan sing sepi, Saropah dicegat begal sing jumlahe wong loro, jenenge Bogang karo Pengkor.

Bogang :
“Kor (pengkor) onok ibu-ibu nggawe ali ali berlian Kor !!, sikat ae Kor !, lumayan timbang gak oleh opo opo !”.

Pengkor :
“Iyo Broo, lumayan ayok disikat ae !!”.

Bogang karo Pengkor mepet marani Saropah, njaluk ali ali berlian sing digawe.

Saropah nyopot ali ali berliane terus diuncalno nang njero got peceren ndik sebelahe.

Mergo saking kepingine oleh ali ali berlian iku mau, Bogang karo pengkor reflek nututi mencolot nang got berusaha nggolek'i.

Gak kesuwen, Saropah langsung nyengklak sepeda montor Satria FU ne Bogang karo Pengkor sing jik sibuk obok obok peceren, nggoleki ali ali berlian palsu sing ditukokno mbah Sarkim wingi.

Bogang ambek Pengkor ndomblong tok ndelok Satria FU ne amblas ganti dibegal Saropah.

@×÷#=$%€&£¥₩

No comments:

Post a Comment