Software/Application, Jokes, Article, Picture, Movies/Videos, Lyric Song, Mystery, etc

Welcome and Thank you for Visiting
We are Not the Best ... But Thanks for Your Support, We Can Learn to Become a Better

KHAYALAN TINGKAT DEWA

KHAYALAN........

Mbah Sarkim 54th, nduwe konco sing jenenge Matsari.
Matsari iki biyen sekolahe gak lulus SD, karo maneh wonge yo gak sepiro cerdas, mangkane uripe serba kekurangan.

Mergo serba kekurangan karo saking melarate, Matsari iku akhire senengane berkhayal, mbayangno sing enak enak tok.

Pas dino Minggu Matsari dolan nang omahe mbah Sarkim.
Mergo dino Minggu dadi podo nganggure alias preian, waktune terus digawe cangkrukan nang pelataran omah karo ngopi.

Matsari nyritakno khayalane nang mbah Sarkim.

Matsari :
"Mbah, aku iki kaet cilik kok nasibku dadi wong melarat ae seh mbah..?".

Mbah Sarkim :
"Terus...??"

Matsari :
"Koyok'e aku iki wis gak duwe harapan isok dadi wong sugih, yo mbah ?!".

Mbah Sarkim :
"Lha terus yok opo karepmu ?".

Matsari :
"Mergo wes gak duwe harapan dadi wong sugih, enak'e yo ngayal ae wis mbah !,.

Mbah Sarkim :
"Arep ngayal opo kon ?".

Matsari :
"Ngayal,.....................
Umpomo awak'e dewe oleh Togel utowo hadiah duit 1 miliar ngono,
Enak'e digawe opo yo mbah ?".

Mbah Sarkim :
"Yo kon dhisik lho, jawaben dewe rencanamu iku arep mbok gawe opo lho ?".

Matsari :
"Nek aku mbah, pertama tak gawe tuku omah sing guede, terus tuku mobil, sisane tak gawe ngelencer keliling Indonesia,...
Lha nek sampean mbah ?".

Mbah Sarkim :
"Nek aku cak Mat, oleh duit 1 miliar, sing 500 juta tak kek'no arek arek yatim piatu !".

Matsari :
"Lha terus siso sing separone, digawe opo mbah?"

Mbah Sarkim :
"Tak sumbangno nang Panti Jompo Lansia kabeh..!"

Matsari :
"Lho, opo sampean gak kepingin tambah sugih tah mbah ?!".

Mbah Sarkim :
"Gampang,........
Kari ngayal maneh ae, oleh duit 1 miliar....... !!".

Matsari : @×#÷=$%€&£¥₩

No comments:

Post a Comment